Sengkalan wonten kalih, inggih menika:
Candra Sengkalan lan Sengkalan Memet. Sengkalan menika pangetaning taun ingkang kawujud ing ungel-ungelanan utawi tetembungan utawi ukara. Pamaosipun sengkalan kedah kewaos saking wingking mangajeng.
Ukara wau mujudaken angkaning taun, amargi tembung-tembung ingkang ngronce ukara kasebut sami mengku watak. Saking angka satunggal ngantos das (nol) sami nggadhahi watak piyambak-piyambak, pramila tetembungan ingkang wonten ing sengkalan ngemu pengetan.
Tuladha : pusakaning dwi pujangga nyawiji (sengkalan ing gapura Wonosobo) mengku teges: pusaka nggadhahi watak 5, dwi : 2, pujangga: 8, nyawiji : 1, dados mungel taun 1825.
Tembung-tembung ingkang kalebet wonten ing petangan nggadhahi watak/wilangan.
Watak 1 : badan (awak), budha (Sang Gotama, luwih, budi), bumi (lemah, siti), bunder, bupati, candra (wulan purnama, praceka), dara (dhara, manuk dara, peksi dara), eka (siji, tuduh, wiji), gusti (ratu, raja, Allah), iku (punika, buntut), jagad (buwana, donya), jalu, janma(wong, tiyang),
kawula, kenya (rara, perawan), lintang (sasa), medi (semedi, manekung, jubur), nabi (nabiyullah), nata (ratu), nyata (niyata, temen, yekti, yektos), puser, putra (sunu), rembulan (wulan), rupa, sasi (wulan jangkep), sempurna, srengenge (surya), tunggal (awor, siji), urip, wani, wungkul ( wutuhan, bunderan)
Watak 2 : ingkang jodhon, kadosta: ama ( pasu, weri, meksa), alis (drasthi, dresthi), asta (tangan), bau (lengen), bujana ( suguhan), caksuh (mripat, netra, paningal), deleng, dwi (loro, kalih), kalih( loro, karo), kanthi (gandheng),
kembar ( sami, padha), kuping(karna, talingan), laku, luru, nebak (nebah, ngelut, nebih), nembah (nyembah, ngabekti, sembah), ngrenggo (andandosi), penganten, pipi, sikara (arubiru), suku (sikil), swiwi( lar, wulu)
Watak 3 : geni, kaya, kawruh, lir, murti, murub, pabaratan, panas, pawaka, pindha, ratna, tri, uninga, wedha, wignya
Watak 4 : anyep, dwaparayoga, jalanidhi, kaliyoga, keblat, lepen, marta, samodra, seganten, sindu, suci, sumber, toya, udan woh, warna ( catur warna= kasta 4), wening, yoga
Watak 5 : angin (maruta, bayu), bajra, bisikan (wisikan, wangsit), buta, gata, kilat, margana, panah, pandhawa, pawana (angin), pusaka, samirana, warayang
Watak 6 : ayang-ayang, guna(werdine tawon), hartati, ilat, kilat, lidhah, madu, obah, oreg, raras, rasa/sadrasa ( tikta=pait, lona=pedhes, mla=kecut, kyasa=gurih, dura=asin, sarkara=manis), rasa, retu (mangsa), susah, tahan/tahen (kayu), wayang
Watak 7 : ancala, angsa (banyak), arga (gunung), biksuka (sapi), gung, gunung (hardi), imawan, jaran (turangga), muni, pandhita, piwulang (mulang), resi, ruhur, sapta, suka, swara (gora swara), wasita, wiku, tetunggangan (titihan)
Watak 8 : anggusthi, astha, asthi, baya, basuki, bhrahmanastha (brahmana), cecak, dirada (gajah meta, samadya), gajah, magesthi, murti, nagha, pangesthi, pujangga, sarpa, slira, tengah (madya)
Watak 9 : alangan, ambuka, arum (wangi, manis, estri), babahan, bedah, bolong, butul, dewa, dwara, galak, gambar, ganda, gapura, gatra, guwa, growong, jawata, kusuma, lawang (kori, pintu), manjing, menga, muka (rai), nepsu (rodra), rong (leng), pangageng, sanga, sagha, sekar, sigar (bedhah, belah), song, terus, trusta( seneng, bungah), wicanten, wilasita, wiwara (lubang pintu)
Watak 0 : angles (lunga, minggat), das, barakan, ilang, kosong, kumbul, langit, lunga, luhur, muluk, musna, nggegana, nir, rusak, sat, sempal, sirna, suruk, suwung, swarga, wuk.
Samenika tuladha-tuladha sengkalan:
- Ratu iku sekaring bumi (1911)
- Sirna sarpa naga raja (1880)
- Nyembah iku trusing Allah (1912)
- Sigaring arga ambelah bumi (1979)
- Swarganing brahmana ambuka budi (1980)
- Loroning tunggal terus nyawiji (1912)
- Dewa terus mulang putra (1799)
- Wiku wisik swara tunggal (1757)
Penganggening sengkalan
Sengkalan menika limrahipun kangge mengeti satunggaling lelampahan ingkang wigatos, kadosta : dumadosipun tlatah, miwiti damel griya utawi wangunan, lairipun putra, lsp.
“Serat Kawruh bab Candra Sengkalan”, kahimpun dening R.M Sajid
“Sengkalan Tuwin Kawi Jarwo”, rinonce dening H Sidomulyo
(dikutip dari berbagai sumber)
~Tulisan diatas pula juga pernah menjadi kajian atau pembahasan diskusi kawan-kawan Padopokan Giri Saba di situs Bongkotan, Kertek, Wonosobo. dan di sambung di Pungangan, Mojotengah Wonosobo.
* Tulisan ini menjadi permulaan awal dari rubrik terbaru di kLenik.id dengan mengikhtiari ilmu para leluhur masa lalu maupun tulisan dengan tema yang renyah dengan bahasa jawa. tulisan diatas adalah contoh tentang sengkalan, penasaran mengenai sengkalan? tunggu tulisan tentang sengkalan di edisi berikutnya ya lurs!